Senin, 19 April 2010

Syair Pambuka Serat Centhini dalam Aslinya

SINOM

1. Sri narpadmaja sudigbya, talathing nuswa Jawi, Surakarta Adiningrat, agnya ring kang wadu carik. Sutrasna kang kinanthi, mangun reh cariteng dangu, sanggyaning kawruh Jawa, ingimpun tinrap kakawin, mrih tan kemba karya dhangan kang miyarsa.
2. Lajere kanang carita, laksananing Jayengresmi, ya Seh adi Amongraga, atmajeng Jeng Sunan Giri, kontap janma linuwih, oliya wali mujedub, paparenganing jaman, Jeng Sultan Agung Mantawis, tinengran srat kang Susuluk Tambangraras.
3. Karsaning kang narpaputra, baboning pangwikan Jawi, jinereng dadya carita, sampating karsa marengi, nemlikur Sabtu Paing, lek Mukaram wewarseku, Mrakeh Hyang Surenggana, Bathara Yama dewa ri, Amawulu Wogan Suajag sumengka.
4. Pancasudaning Satriya, wibawa lakuning geni, windu Adi ansa Sapta, sangkala angkaning warsi. Paksa sudi sabda ji, ringkang pinurwa ing kidung, duk kraton Majalengka, Sri Brawijaya mungkasi, wonten maolana sangking nagri Juddah
5. Panengran Seh Walilanang, praptanira tanah Jawi, kang jinujug Ngampeldenta, pinnggih sang maha resi, araraosan ngelmi, sarak sarengat Jeng Rosul, nanging tan ngantya lama, linggar saking Ngampelgadhing, ngidul ngetan anjog nagri Balambangan.
6. Lereh dhusun Purwasata, raja Balambangan nagri, putrannya estri sajuga, ing warna tuhu linuwih, sedheng mepek birahi, kataman gerah sang ayu, madal sakeh usada, sang nata agung prihatin, kyana patih Samboja sowan mangarsa.
7. Pukulun amba tur wikan, wonten molana ngajawi, kakasih Seh Walilanang, sangking ing Juddah nagari, ing Purwasata kampir, yen pinareng tyan pukulun, prayoga ingaturan, manawi karsa sang yogi, sung usada gerahe putra narendra
8. Mangkana dupi miyarsa, aturing sang nindyamantri, langkung kapareng in driya, nulya utusing ngaturi, sapraptaning jro puri, sang nata gupuh amethuk, riwusnya tata lenggah, miwah katuran pambagi, amedharken kang dadnya rentengin driya.
9. Seh Walilanang wus sagah, nulya ingusadan aglis, gerahe sang putri mulya, ramebu sukanya ngenting, karsanya narapati, Seh Wali pinundhut mantu, ing karya tan winarna, dennira amangun kardi, atut runtut lir mimi lawan mintuna.
10. Wus lami neng Balambangan, Seh Wali matur sang aji, kinen santun agamEslam, sarengat Nabi sinelir, nata tan mituruti, seh cuweng tyas lolos dalu, kesah maring Malaka, garwa tinilar (ng)garbini, sang retna yu sakalangkung kawlasarsa.
11. Sapengkere sang pandhita, pangering agung (n)dhatengi, kawula kathah kang pejah, benduning sri narapati, maring rekyana patih, den lungsur darajadipun, ki Samboja sru merang, kesah maring Majapahit, anyuwita Sang Aprabu Brawijaya.
12. Kaanggep tur kinasiyan, tinandur aneng in Giri, nahan tan antara lama, Ki Samboja angemasi, pinetak Giru ugi, sadaya tilaranipun, lastantun ingkang garwa, kaceluk Nyi Randha Sugih, angluwihi samoaning wong dedagang.
13. Mangsuli ing Blambangan, rajaputri kang (ng)garbini, wus ambabar mijil priya, warnanya kalangkung pekik, karsanira sang aji, linabuh mring samudra gung, sinadhahan gendhaga, sawuse aneng jaladri, gya ingalap juragan kang lagya layar.
14. Binuka ingkang gendhaga, isi jabang bayi pekik, ingaturken mring nyi randha, langkung trustanireng galih, dhasar datan sisiwi, mila sihira kalangkung, lir putra (ng)gennya yoga, sinung aran Santrigiri, sawusira yuswa kalih welas warsa.
15. Nyi randha lon ngandika, dhuh kulup sira wus wanci, pisah lawan raganingwan, aywa kulineng gegramin, becik ngupaya ngelmi, sarengan Jeng Nabi Rosul, kene ana pandhita parab Sunan Nganpelgadhing, Surapringga prayoga kawulanana.
16. Sawulange Sang Pandhita, pitutuhen lair batin, poma kaki ywa pepeka, cinekak cariyosneki, Santrigiri wus manjing, nyakabat mring jeng sinuhun, siyang dalu tan pisah, lan putra ing Ngampelgadhing, kan sinuhun ran ingkang rama Santri Bonang.
17. Tulus dennira kakandan, tan ana salayeng kapti, pangaose wus widagda, sampurna sakehing ngelmi, karsanya rarywa kalih ayun kesah angelangut, ngaos mring nagri Mekah, mancal saking Ngampelgadhing. nitih palwa labuh jangkar neng Malaka.
18. Kapanggih Seh Walilanang, datan samar ing salirang. kandheg neng nagri Malaka, maguru Seh Wali Siding, sawusing (n)tuk sawarsi, sadyanira rajasunu, dumugekaken karsa, lajeng mring Mekah nagari. Walilanang sakalangkung datan rembag.
19. Kinon wansul ing ngajawa, maring wukir Ngampilgadhing, sarta pinaringan jungkat, kalawan jubah kulambi, nahan ta santrigiri, sampun sinungan jujuluk, nengih Prabu Setmata, Santribonang sinun nami, Prabu Nyakrakusuma Susunan Bonang.
20. Nulya bidhal angajawa, wangsul maring Ngampelgadhing, pinanggih sang maha tapa, wus katur sasolahneki, sang resi ngandika ris, kawruhanta iku kulup, Seh Walilanang Mlaka, mitrungsun saeka kapti, ing pangawruh lair batin tan sulaya.
21. Lah jebeng siryo muliya, maring ing ngarameng Giri, kawruhhanamu renanta, ing samengko nandhang sakit, tumekeng ngajalneki, mung nganti tekamu kulup, renanta yen palastra, kuburen aneng ing Giri, tunggalena kalawan sudarmanira.
22. Lawan sunideni sira, jumeneng Susunan Giri, jujuluk Prabu Sermata, tembe ing sapungkur mami, sira ingkang (m)bawani, jumeneng wali linuhung, sinuhun sak-rat Jawa, kabeh padha welas asih, kalengkengrat sinebut raja pandhita.
23. Nanging ywa kaliru tanpa, dudu ratu mangku nagri, sira wus tan kakilapan, obah osik donya ngakir, wus cukup wekas mami, Sunan Giri nembah nuhun, anulya ngraup pada, lengser saking Ngampelgadhing, tanpa kanthi gancangin cariyos prapta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar